Parikan Jawa Timuran

PARIKAN JAWA


Wit Klopo kuwi arane Glugu,
Disigari diporo dadi pitu.
Saben dino aku ora bisa turu,
Kangen sopo, ora jelas ning atiku.

Jajan sekoteng, no prapatan karang ayu..
Opo artine ngganteng, nek ora payu-payu

Ngombe jamu, marakke lemu..
Tresnaku marang sliramu, kealang brengos'e bapakmu.

Mlaku-mlaku nang tunjungan.
Iki Tresnoku, nang awakmu gak ketulungan

kakehan mikir gak iso lemu,
bengi yo susah turu.
cumak slirahmu,
sing iso nggawe tentrem lan bungahe atiku

tuku jamu, karo dolanan.
Sliramu, pancen ayu tenan

Blonjo gulo karo tomat
Ayo konco podo tobat
Rendang babat isi tomat
Ndang tobat selak kiamat
 Bengi-bengi nemu lowo
Lowo ne ono ing wit telo
Dadi bocah ojo sembrono
Kudu taat marang wongtuo
Rio blonjo buah tomat
Blonjo ne nang amerika serikat
Ayo konco podo tobat
Ojo nganti nyesel nang akhirat
Isuk sore podo sholawatan
Ngirim dongo karo sing kuoso
Urip iku amung pisan
Ojo digawe susah lan nelongso
Bagong iku hobi ngukir
Sing diukir arek suroboyo
Ngomong kuwi kudu dipikir
Ojo sampek gawe sengsoro
Ngombe sinom nguntal obat,
Enthek limo katutan kecambah ...
Mumpung jek enom ayo ndang tobat,
Urip nang ndunyo ojo lali ibadah

Posting Komentar

MKRdezign

Formulir Kontak

Nama

Email *

Pesan *

Diberdayakan oleh Blogger.
Javascript DisablePlease Enable Javascript To See All Widget