Parikan Lucu, Parikan Jawa Timuran
Minggu, 6 April 2025

Iklan Semua Halaman

.

Parikan Lucu, Parikan Jawa Timuran

redaksi-ta
Senin, 07 Mei 2018
Lomba mlayu, tekan ngarep gerbang
Paras ayu, tapi mlakune ngambang

Bulek Tin ngundang sukuran
aku ra teko polahe cacar
Valentine malah kepikiran
solae aku rung duwe pacar

Wit Klopo kuwi arane Glugu
Disigari diporo dadi pitu
Saben dino aku ora bisa turu
Kangen sopo, ora jelas ning atiku


Jajan sekoteng,
No prapatan karang ayu
Opo artine ngganteng
Nek ora payu-payu

Ijone sawah
Disawang karo mlaku
Tresna mu koyo hadiah
Syarat dan ketentuan berlaku

Nang stasiun Tawang njogo toko
Pisang molen nggo tombo ngelih
Isaku nyawang lewat poto
Rasane kangen kudu ndang mulih

Ngombe jamu
Jamune bratawali, Esem mu
Cen nggawe awakku lupa diri

Numpak sekuter
Nganggo sepatu hak
Awakku gemeter
Nyawang brengose bapakmu di Mohawk

Nyuwek dluwang nganggo lading
Iso nyawang ning raiso nyanding

Tuku sate lodeh, dipangan karo tempe       
Pede yo oleh, nanging yo ojo karo ndoble

Wis suwe ora mangan gudheg
Wani mbanting oleh dedeg
Ayo mancing golek delegate
Ngadeg jejeg nyungggi klapa
Ora kaya ewuhe nyunggi duren
Ora bisa ngadeg bukane apa-apa
Ning merga lemes saking olehe keluwen

Awan-awan mangan gethuk
Bubar mangan kok ngantuk
Saben dina sangu rantangan
Isine rantang katon methuthuk
Aku pancen bubar mangan
Ning ora mangan gethuk

Pit Abang
Pite mas Mantri
Nek ngesun Kembang
Aku ya ngantri

Nang medan ana terminal Amplas
Yen udan kebanjiran nggo susuh kodok
Lha mosok ora nduwe ide babar blas
Apa ide kuwi di monopoli kaum ortodoks

Ndelok Monas seko Tugu
Ben ra panas jejer aku

Dondong opo salak
Duku cilik cilik
Ngandong opo mbecak
Mlaku timik timik